Sadrema Nglakoni: Lan Sawang-sinawang (II)

  • Adat Jowo
  • 13 Feb 2018 | 00:26 WIB
  • Oleh bejo25
  • Dilihat 286 kali
image
Foto.(istimewa)

Beritajowo.com // Adat Jowo - TEMBUNG “sawang-sinawang” utawa “wang-sinawang” iku tegese “sawang-sawangan” sing siji nyawang sijine, sijine nyawang sing siji, si A nyawang si B, si B nyawang si A.

Tembung iku mratelakake menawa ing urip padinan wong liya iku kahanane kaya luwih becik lan luwih kepenak katimbang dheweke, mangkono uga suwalike. Menawa ana wong sing alok utawa ngresula wong kae kok luwih beja, luwih kepenak, luwih seneng katimbang awake dhewe, padatan ditanggapi menawa wong iku rak mung sawang-sinawang.

Wong liya iku katone luwih beja, luwih kepenak, nanging wong liya mau ya duwe pamawas mangkono menawa nyawang awake dhewe. Ana tetembungan sing nyebutake menawa “rumput di halaman tetangga lebih indah daripada rumput di halaman kita sendiri”. Barang darbeke wong liya katon luwih becik lan luwih pengaji katimbang barang darbeke dhewe.

Panguripane wong liya kaya-kaya luwih becik katimbang panguripane dhewe. Rasa-rumangsa kaya mangkono iku bisa nuwuhake panalangsa, ora duwe pemarem lan panarima.

Panyawang kang luwih akeh tumuju marang tata lahir iku durung mesthi benere. Lan maneh, wong siji lan sijine iku ora padha, dadi ora ana piranti sing bisa kanggo ngukur kaluwihan utawa kesuksesane.

Ana sing sugih bandha nanging rumangsa ora beja marga ora duwe anak. Ana sing sugih, pangkate dhuwur, nanging ora marem marga anake nakal-nakal lan ora ana sing rampung sekolahe.

Ing kalanganing masyarakat Jawa ana wewarah menawa wong iku aja ndhangak terus, kadhang-kadhang ya perlu ndhingkluk. Lire, aja mung nyawang wong-wong sing tataran panguripane sandhuwurmu, nanging uga nyawanga wong-wong sing tataran panguripane sangisormu.

Yen mung nyawang marang wong-wong sing sugih awake dhewe krasa mlarat; yen nyawang wong-wong sing luwih mlarat isih rumangsa luwih beja. Iki ora ateges kok awake dhewe banjur rumangsa beja amarga akeh wong sing luwih mlarat, nanging kanthi nyumurupi kanyatan mau kita banjur duwe panarima, ora mung nelangsa terus.

Sing kurang becik yaiku menawa banjur jor-joran utawa kompetisi kanthi sesidheman. Satemene kompetisi iku becik menawa kanthi mangkono wong banjur cepet maju. Nanging kompetisi utawa perlombaan iku beda karo jor-joran. Jor-joran iku kompetisi sing ora resmi lan ora ana yurine.

Jor-joran iku sok gawe ora kepenaking ati, amarga atine tansah goreh mikir kepriye carane supaya ora kalah karo tangga-tanggane. Yen ana wong liya luwih sukses lan luwih maju, atine banjur kebrongot lan ngupadaya aja nganti kalah karo wong liya. Kebrongoting ati iku sing marakake ora tentrem.

Tarkadhang amarga kepengin dadi wong sing paling sukses, paling terhormat lan liya-liyane banjur golek dalan trabasan sing nerak angger-anggering negara. Mula ana bae wong sing duwe omah kaya istana, nanging sing duwe malah mung manggon ana lembaga pemasyarakatan.

Wong iku perlu nyawang wong liya, nanging ya aja gampang keblerengen nyawang sing sarwa gumebyar.

Sing katone gumebyar iku durung mesthi yen gumebyar temenan lan bisa gawe tentrem lan nuwuhake rasa panarima. Manungsa iku perlu ngudi murih panguripane luwih becik, nanging uga kudu bisa ngukur kekuwatane dhewe. Wong iku kahanan lan kekuwatane beda-beda, kanthi mangkono apa kang bisa kagayuh uga beda-beda.

Manungsa iku kudu duwe panarima utawa ngaturake suka sokur marang Pangeran.(wong edan bagu)

img
BeJo@25
EDITOR

Budaya Lokal Terbaru