Sadrema Nglakoni: Lan Sawang-sinawang

  • Adat Jowo
  • 12 Feb 2018 | 05:22 WIB
  • Oleh bejo25
  • Dilihat 102 kali
image
Foto.(istimewa)

Beritajowo.com // Adat Jawa - MANUNGSA iku mung sadrema nglakoni. Lire, rehning wis pinaringan urip, ya urip mau kudu dilakoni. Manungsa ngerti-ngerti wis dadi bocah utawa manungsa cilik, marga nalika isih bayi durung ngerti apa-apa.

Manungsa ora bisa milih dilahirake sapa lan ana ngendi. Apa sebabe kok ora dadi anak ratu utawa anak presiden, kok dadi anak petani.

Manungsa ora bakal lan bisa protes. Apa sebabe kok mung dadi anak petani mlarat, anak buruh kasar, utawa anak nelayan, kok ora dadi anake wong sugih, anak konglomerat? Dilairake dadi anake sapa bae ya ora ana sing protes, pokoke urip dilakoni.

Kepenak lan ora kepenak, manungsa iku nampa bageyane dhewe-dhewe. Manungsa iku kadidene wayang, sing nasibe ana tangane Ki Dhalang. Kaya paraga fiktif ing film utawa sinetron, nasibe wis tinulis ing skenario.

Bab-bab kang magepokan karo lahir, jodho, lan pati kaya-kaya wis ginaris. Dene bab-bab liyane gumantung marang usahane wong siji lan sijine. Dadi ana prekara sing bisa diikhtiari, nanging ya ana bab-bab sing gelem ora gelem kudu dilakoni.

Sing diajab lan sing disesuwun marang Gusti iku mesthine ya sing apik-apik.Kulawarga sing nandhang lara ya disuwun supaya diparingi waras.

Yen ana bencana alam ya disuwun tetep slamet. Manungsa wenang nyenyuwun, naing ora wenang nemtokake. Bisa bae sing lara ora waras, sing kena bencana alam ora slamet. Banjur pepuntone: manungsa mung sadrema nglakoni, kabeh mau ana ing astane Sing Gawe Urip.

Tetembungan iku mengku teges menawa uripe manungsa iku ora uwal saka pepesthen. Sabanjure, kanthi nyadhari anane pepesthen mau sesanggane manungsa dadi luwih entheng.

Manungsa mung sadrema, kayadene wayang sing nasibe wis katemtokake ing pakem pedhalangan. Gatotkaca wis ginaris nemoni tiwas ing prang Bratayuda, mangkono uga Abimanyu utawa Angkawijaya.

Manungsa kudu tawakal nampa pacoban saka Sing Gawe Urip. Manungsa iku ora uwal saka papesthen, mula ya ora ana cara liya kajaba kanthi ikhlas nampa papesthen mau.

Ana lara ana usada, nanging ora ateges saben lara bisa diusadani. Yen panyuwune ya bisaa bali waras maneh, nanging kabeh mau wis ginaris ing papesthen. Sing lara ora bali waras malah bali ing alam kalanggengan. Manungsa pancen mung sadrema nglakon

img
BeJo@25
EDITOR

}